Senin, 08 Oktober 2012

PUISI: Purwakaning Mongso Rendheng

Purwakaning Mongso Rendheng

Opo iki kang diarani purwakaning mongso rendheng
naliko udan kang wus diantu-antu banjur nibo
anelesi sakkabehing wit-witan
anyebar gondo siti kang wus suwe ngilang
anggowo berkah marang poro tani

Opo iki kang diarani purwakaning mongso rendheng
naliko mendung angemuli langit
banjur angin ugo melu ngramekake
banyu kang kasebar
nggrejih

Opo iki kang diarani purwakaning mongso rendheng



Jatiningsih, 7 Oktober 2012 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Entri Populer