Rabu, 05 Oktober 2016

PUISI: Ora Kroso

Ora Kroso

Dalan tan soyo ombo lan alus
naliko srengenge mlaku mengulon
ndandakke wayahe wis arep rampung
peteng
anteng.

Ora kroso.

Rambut tan soyo entek lan putih
angetutake lakune srengenge
ndandakke wayahe wis arep rampung
wegah
sayah.

Ora kroso.

Ilat kang tanpo balung
wis kakehan ulat
angucap pekerti lan cacat
tanpo keno diampet.

Ora kroso.

Karangmojo, 5 Oktober 2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Entri Populer